Thursday, July 15, 2021

Bab Geguritan

Jumat, 16 Juli 2021

Pengertian Geguritan

Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan

Geguritan iku asli karya sastra. Basa kang digunakake ana ing geguritan yaiku basa kang endah. Wondene geguritan pamacane kudu trep cetha. Tujuane lupaya sing ngrungokake mudheng isine.

Cara maca geguritan

Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco geguritan . Syarat syarate yaiku :
  1. Wirama -->  Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.
  2. Wirasa --> Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan
  3. Wiraga --> Polah utawa gerake ketika moco geguritan
  4. Wicara --> lancar orak e moco geguritan

Unsur - unsur intrinsik 

Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
  1. Tema 
  2. Bahasa kang endah
  3. Judul/Iraha-irahan Geguritan
  4. Diksi/pilihan kata
  5. Pangripta geguritan
  6. Purwakanthi/rima
  7. Amanat kang ono ing jero ne geguritan


Geguritan ing ngisor iki ayo diwaca !
 
                         Harum sunya iswara
                                             Saking keng putra
Ibu ....
Kula putra panjenengan
Marak sowan
Wonten ing dinten punika
Dinten tanggep warsa panjenengan

Ibu ....
Kula dereng saget bekti
Namung satunggal putra
Saking keng putra
Mugi saget ngrenggani
Manah panjenengan

Ibu ...
Sampun sekawan dasa tahun
Yuswanipun ibu
Kula keng putra
Namung saget ndonga
Mugi ibu panjang yuswa